||||| SUGENG RAWUH KAWULA ATURAKEN DHUMATENG PANDHEMEN BUDHAYA JAWI ||||| |||||ATUR PAMBAGYAHARJA WILUJENG DHUMATENG PANJENENGANNDIKA SAMI MUGI TANSAH PINARINGAN SIH KABERKAHAN LAN NUGRAHANING GUSTI INGKANG MURBENG DUMADI ||||| ||||| HAYU RAHAYU INGKANG SAMI PINANGGIH ||||| ||||| NUWUN NUWUN KULANUWUN |||||

Thursday, 10 December 2015

Lung Pupusing Wuyung

Thukuling lung gadhung kasaput mendung
Ing siti garing pinggiring gunung
Minangka gambaraning tembung
Adem ayeming nala kang nandang wuyung

Mupus siniram jawah wanci enjang
Ijowarnanira pratanda ageng gregeting gesang
Wohing branta mring widodarining wewayang

Wewayanganira hangiteri jagad lelamunan
Kenes solah bawanira
Manis esemira
Alus lembut pangucapira
Bebasan nyancang angen angen lan pamikir

Sliramu pepujaning ukara
Ginurit endah nelaske pepada

Sliramu kang nuwuhke wujuding rasa
Sinebat thukuling asmara
Gumandul ing nala rinasa branta























Wednesday, 9 December 2015

Cahya Netra

Endah edining wewayangan
Eloking kelipan netra
Kang ndak sawang rikala semana
Rinasa ngublak-ublak samudraning branta
Bebasan njugrug-ngurug redining tresna

Cahyaning netranira
Lir lintang pambiwara mangsa
Kang paring sasmitaning nala
Sasmita bukaning katresnan lan branta

Sliramu Cahya Netra
Pambuka korining nala
Jejampining branta
Sunaring tresna




Saturday, 24 May 2014

Lelabuhan Suci

ngalur elur ilining tirta
tiba katempuh ing sela
panandang tirta tumuju ing samudra

satemah kahanan dukita
den lampahi lan tinampa kanti ngagungke panarima
margining tirta tumuju ing samudra

kaya wus ginaris ing pesthi
lelampahaning gesang tumapak ing margi
hajejangkah ngupadi lelabuhaning ati

lelabuhaning diri
lelabuhan sejati
iya lelabuhan mring Hyang Suci



Friday, 23 May 2014

Ridha

Jumangkahing suku
lumaku ngliyang tanpa laku
tan ana kiblat kang tinuju
midering bantala tan ana sangu

bebasan rembesing toya ing warih
lelampahan kahanan perih
tibeng jurang lampah tebih
samodra tujuaning panggalih

sun upadi sun usada
datan ewuh datan suwala
gegayuhaning gesang mulya
iya kang aran ridhaning Hyang Mulya





Thursday, 26 December 2013

Pepeling Eyang Alam Sungsang

sun caritakna sun wedharna kang aran lungguh
datan ngagem pupuh gambuh kalawan megatruh
namung ukara lan pada kang sungsang ewuh


lelampahaning gesang kang sarwa kurang
datan ngurangi raos syukur marang Sang Hyang
iku kang aran mulyaning Hyang
labuh labet lan sekehing panandang
linampahan kanthi tulusing nala datan kurang

ing wingkinge pinanggih mulya
tan songah-sesonaran ngunggulke usada
ananging ndhodhok ndekem tumungkuling mustaka
sumarah lan sumeleh awujud sujud marang Kang Kawasa

Monday, 18 November 2013

Branta Ing Alam Maya

rintik-rintik swaraning tirta kang tumiba bantala
nambahi reseping jiwa hanglelena nglenggana
nggambar wewayanganira kang datan uwal saka netra

tirta kang jejogedan tumiba saka akasa
hangajak lelamunan sangsaya ndadra
tan kuat nandang brantaning nala

taksih enget lan kumanthil netra
wewayanganmu rikala semana
kang den kirim sangka alam maya
alam kang nepungke rasaku kalawan rasanira

esem solah bawanira...
bebasan njugrugke gununging asmara
ngoclak -oclak samudraning branta
sliramu pepujaning jiwa

bebasan kurang ing sastra kebak ing rasa
datan bisa hanggambarake kathahing pepuja
marang sira widodarining jiwa

den suwun lan ndedonga  marang Panguasaning Nala
mugi tansah lestari kalis ing sambekala
salaminya....

Sunday, 6 October 2013

KIDUNG PEPILING

pangembaning nala
pangruwating jiwa
pangambaraning rasa
mobah mosik tanpa wilangan
mideri pangangen angen ing ngakasa

hanjejangkah nuruti polah
kang sinebat solah
hamegeng raga datan nuruti nepsu
kang sinebat lelaku

panggraitaning pikir datan ngungkuli sukune wukir
andaping manah, mring sasami datan pongah lan songah

den asta lir kadya ndika nggegem inten mutiara
den jagi rahina lan wengi
den sanding, den sumping, sinikeb sikeb kanti eling