Pages

Saturday, 29 December 2012

Panandang Branta

ron garing sapinggiring tebing
kasapu lembuting angin
tibo ngliyang tumuju ilining tirta wening
tan prabeda kahanan batin
ngalur nganyut anyut kahanan kang sarwa ning

wilanganing ukara kaya wus tanpa kinira
bebasan datan sinuntak wus lumeber ing dada
nanging....
apa kang karasa kadung tumancep jeroning jiwa
namung panandang welas lan panelangsa
kang turah ngebakki jeroning raga
sangsaya lungkrahing jiwa
ngemban tali sotya
kang aran setya
setya kang ngebaki jiwa raga
siniksa dening branta tan kinira

sira underaning branta


Saturday, 22 December 2012

Widodarining Ngalam Ndunya

apa kang ndak lakoni
kanggo nyilem ing sak jeroning samudra
kaya wus pupus tanpa daya
tetangising ati tan kendat
ngaruara ing sak jeroning toya
bebasan kathahing waspa kang tumiba
tan katon amarga arusing kahanan kang ana

jembaring lelabuhan kang wus ndak tampa
tan bisa raga iki paring piwales kang tumata

hajejangkah tan kendating yuswa
paring pitutur kalawan penget sae tumrap putra
panjenengan widodarining alam ndunya

sembah pangabekti mugi kaaturna
dumateng cagaging nagara
bebetenging ati kang nandang dukita
rajah kamukten para manungsa

sungkem pangabekti mugi katur dumateng pangembaning swarga
wanita kang wus dadi kusumaning nala
dlamak'an panjenengan swarga kawula

Wednesday, 12 December 2012

Lembaran Kekidunganing Manungsa

sepine ati kang dak rasa
jiwa raga iki kaya wus sirna
ngadepi kang aran panandang dukita
dukitaning nala kalawan dukitaning jiwa

ajejangkah tanpa linambaran
bebasan brangkangan ing ngara-ara amba
dak rasa kaya wus kulina
perihing batin perihing raga
nyelo karang mandeg ana jiwa

sangka iku...

sun suntakke ana lembaran dlancang seta
lembaran kekidunganing manungsa
dongeng lelampahaning gesang
ngugemi ati kang garing lir kadya kliyang
kang mobat-mabit kadya toya tibeng njurang

panjerite kahanan nala kang kuciwa
wus datan ginawe rasa
ananging pangrasane datan narima
namung, Panjenengan Gusti Ingkang Ngijabahi Sekabehing Sedya




Ampak-ampak Saput Pedut

ampak-ampak kemuling kartika kaya wus tiba
saput pedut gilir gumanti ngemuli bantala
bun enjang kang dadi tetilasan ing ron kalawan sela

ananging mangertia...
mripat iki isih angel anggone merem nyipati kahanan njaba
gegambaraning wewayangan ing rikala samana
Prasasat nggoda ngudhal-udhal nggugah swasana
swasana lelampahaning nala kang nandang branta
kalawan sira kang aran wanita mulya
bebasan memaniking netra widodarining nala

apa kang ndak rasa tanpa kinira
ginawa gegambaraning swarga endah tan krasa
sliramu kang anggawa gregeting jiwa
esemmu rikala semana
kang ndak sawang saka sisihing jendela
prasasat isih bisa ngobati kangening nala


kehing Pamuji mring Sang Hyang Wasesa
puji hastuti lan puja hastawa
isih bisa nyawang esem manisira
sanadyan datan sumandinging nala
sliramu kang aran wanita mulya


Wednesday, 5 December 2012

Sliramu Matiku

sumilir angin wengi nggowo pawarta saka seberang
seberang kali kang wus katut ilining banjir
mbanjiri angen-angen kang saya peteng
petenging ati kumlebat cahya ingakasa nggawa pepadang
pepadanging ati sanadyan sauntara
antarane rasa tresna kalawan rasa kelangan
kelangan widodarining panguripan
urip uruping lintang-lintang padhang jampine was lan sumelang
sumelanging ndriya kang kebak panelangsa

panelangsane kawula minangka coba
cecobaning urip kang aran tresna
katresnan sejati ginawa mati

sliramu matiku...