Pages

Thursday, 26 December 2013

Pepeling Eyang Alam Sungsang

sun caritakna sun wedharna kang aran lungguh
datan ngagem pupuh gambuh kalawan megatruh
namung ukara lan pada kang sungsang ewuh


lelampahaning gesang kang sarwa kurang
datan ngurangi raos syukur marang Sang Hyang
iku kang aran mulyaning Hyang
labuh labet lan sekehing panandang
linampahan kanthi tulusing nala datan kurang

ing wingkinge pinanggih mulya
tan songah-sesonaran ngunggulke usada
ananging ndhodhok ndekem tumungkuling mustaka
sumarah lan sumeleh awujud sujud marang Kang Kawasa

Monday, 18 November 2013

Branta Ing Alam Maya

rintik-rintik swaraning tirta kang tumiba bantala
nambahi reseping jiwa hanglelena nglenggana
nggambar wewayanganira kang datan uwal saka netra

tirta kang jejogedan tumiba saka akasa
hangajak lelamunan sangsaya ndadra
tan kuat nandang brantaning nala

taksih enget lan kumanthil netra
wewayanganmu rikala semana
kang den kirim sangka alam maya
alam kang nepungke rasaku kalawan rasanira

esem solah bawanira...
bebasan njugrugke gununging asmara
ngoclak -oclak samudraning branta
sliramu pepujaning jiwa

bebasan kurang ing sastra kebak ing rasa
datan bisa hanggambarake kathahing pepuja
marang sira widodarining jiwa

den suwun lan ndedonga  marang Panguasaning Nala
mugi tansah lestari kalis ing sambekala
salaminya....

Sunday, 6 October 2013

KIDUNG PEPILING

pangembaning nala
pangruwating jiwa
pangambaraning rasa
mobah mosik tanpa wilangan
mideri pangangen angen ing ngakasa

hanjejangkah nuruti polah
kang sinebat solah
hamegeng raga datan nuruti nepsu
kang sinebat lelaku

panggraitaning pikir datan ngungkuli sukune wukir
andaping manah, mring sasami datan pongah lan songah

den asta lir kadya ndika nggegem inten mutiara
den jagi rahina lan wengi
den sanding, den sumping, sinikeb sikeb kanti eling

Monday, 25 March 2013

Kidung Pungkasan

Gumanduling kartika wanci
Mratandani wisiking ati
Rahina gumanti ratri
Obah mosiking kahanan ginaris pesthi

Kutu-kutu walangatoga sesautan
Asung pisungsum swara kekidungan
Pariwara sedya kapungkasan
Sanadyan ringkih ing kakiatan

Ron mawur hanjrahing bantala
Sinebo kahanan tan kiat goda
Kaseret kiating samirana
satemah wutah ngliyang tanpa daya

Sapira padaning kahanan manungsa
Kang ngliyang dening kahanan dunya
Seserepan kang wus tinampa
Minangka bantal lumakweng jagad amba

Kang kasebut ngamal lan lelaku
Sinembadan Gusti minangka sangu
Sineksen lembaran pethak lan gelu
Murcaning jagad kang den antu

Allahu....
Allahu....
Allahu....

Hu...
Hu...
Hu...

.
.







Saturday, 9 February 2013

Njejer Wewayangan

tumekeng titi wanci
sira lunggweng dampar suci
urut jumejer dadi wewayanganing ati
pandeliking lintang kasaput pedhut ing wanci ratri
sangsaya nambahi kemelut brantaning diri

sumigar sigar rasaning raga
gumletak tanpa daya
pasrahing jiwa

sumengkut sujud
manembah marang kang Langkung Wujud
praptaning rasa Haq tan awujud

bebering panandang
jiwa pasrah lir ron ngliyang
kabur kanginan ngalur garising Sang Hyang