Pages

Wednesday, 3 October 2012

Panandang Nala


wewayangnganing netra
ginawang sawang tan kena den rengkuh sanalika
gegayuhan kang kagadang
kaya wis tumapak ana ngarsa
dumadak ilang kagawa samirana

sesanti lan ukara
kang sliramu sebut nalika semana
tan kena ginawe lali lan lupya

ewoning panandang nala
tan kena ndak gawa
awit akehing rasa tresna
kaya wus mbludak lumeber ngebakki segara
binarengan ewoning luh kang tuwus sangka netra

kanggo sliramu
kang tansah ngebakki jagad lelamunanku


No comments:

Post a Comment