Pages

Saturday, 6 October 2012

WASPANING WENGI


dawane kekidungan wengi sing tak tulis
ana sak lembaring kertas
kaya isih okeh banget
ingkang bakal tak suntakke ana kono

nanging....
kaya wis kebak pangucap
kanggo makili rasa kang ana ing dada

saktemene....
anggonku nyadong rasa welas-Mu
tansah tak pengeni kaya biyen maneh
ora kaya saiki kang kebak dosa

jalaran.....
saka mata kang ndadekke culika
saka branta kang ndadekke wuta
saka nepsu kang ndadekke ragu

namung....
Sih kawelasan Panjenengan
lan Agunging Pangreksa Panjenengan
wonten ing ati kawula
ingkang anggawe sebab musabab kawula
saget sujud sebo wonten ngarsanipun Paduka Gusti Ingkang Maha Suci

No comments:

Post a Comment