Sesandanganing rasa kang kagawa swasana
Nglambrang lan nganyut-anyut nala
Windu wilangan wektu kumpulaning yuswa
Datan selak ngugemi apa kang dadi panjangka
Sumunar sunar cahya ing antariksa
Sanadyan kelip lintang minangka pratanda
Ewoning pituduh lan marga
Pundi papan lan dunungira
Dak ulati kalawan waspada
Pituduh lan pralampita kang tinampa
Sliramu kang janji ngadek ana damparing nala
Dampar gapuk kang gampang rubuh kepangan mangsa
Muga Sliramu tetep seba sanadyan akehing panggoda
Den gadang Sliramu Salaminya
Sliramu pepujaning nala
(tulisan wengi akhir tasyrik)
endahing ukara kang kawedar sangka ing nala minangka pamuji kelawan Gusti Kang Murbeng Dumadi
Sunday, 28 October 2012
Lintanging Antariksa
pananda :
dampar,
geguritan,
kekidungan,
kidung katresnan,
lintanging antariksa,
nala,
pituduh,
pralampita,
puisi jawa,
sliramu
Saturday, 27 October 2012
Kidung Rinonce
Jumangkahing hajejangkah maujudake panjangka
Panjangka linambaran niat kang samporna
Sasampurnaning urip iyo kang nguripi
Hangenguripi raga kalawan jiwa
Jiwanira tan kantun jiwaning sapadha-padha
Pada wilangan ukara kang awujud tembung
Tetembungan sinorowedi kang aran sir
Sir ing nala den tembungi asmara
Asmaraning manungsa kalawan jiwa
Jiwa-jiwa suci manekunging Gusti
Gusti bagus-baguse kang ngratoni ati
Ati-ati lumampahing bebener
Bener-benering sesolah tan kantun panggoda
Panggodaning nala kalawan panggodaning nepsu
Nepsu margi cupeting pamimkir
...
Panjangka linambaran niat kang samporna
Sasampurnaning urip iyo kang nguripi
Hangenguripi raga kalawan jiwa
Jiwanira tan kantun jiwaning sapadha-padha
Pada wilangan ukara kang awujud tembung
Tetembungan sinorowedi kang aran sir
Sir ing nala den tembungi asmara
Asmaraning manungsa kalawan jiwa
Jiwa-jiwa suci manekunging Gusti
Gusti bagus-baguse kang ngratoni ati
Ati-ati lumampahing bebener
Bener-benering sesolah tan kantun panggoda
Panggodaning nala kalawan panggodaning nepsu
Nepsu margi cupeting pamimkir
...
pananda :
ati,
geguritan,
gusti,
hajejangkah,
jangkah,
jumangkah,
kekidungan,
kidung,
kidung katresnan,
nala,
nepsu,
pada,
panjangka,
pituduh,
puisi jawa,
tembung,
ukara
Friday, 19 October 2012
Karang Samodra
tibaning mangsakala ananing tanda
gumaludhug jumegler tanpa kinira
sinawanging akasa minangka pratanda
songah sesonaraning manungsa
den ulat lan upadi jampinira
tumaceping ukara ana ing nala
kang dadi sabab musabab dukitaning jiwa
ulatira nyuwek-nyuwek atining liya
gumaludhug jumegler tanpa kinira
sinawanging akasa minangka pratanda
songah sesonaraning manungsa
den ulat lan upadi jampinira
tumaceping ukara ana ing nala
kang dadi sabab musabab dukitaning jiwa
ulatira nyuwek-nyuwek atining liya
ohh....
opo atosing lesanmu minangka pratanda atosing nala ira
atos pundi kalian karang ing gisik samodra
hehhhh...
den eling kalawan waspada
ilining tirta kang bakal ngikis atosing karang sainggo sirna
SURO DIRO JOYO NINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI
opo atosing lesanmu minangka pratanda atosing nala ira
atos pundi kalian karang ing gisik samodra
hehhhh...
den eling kalawan waspada
ilining tirta kang bakal ngikis atosing karang sainggo sirna
SURO DIRO JOYO NINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI
pananda :
geguritan,
karang,
lara ati,
puisi jawa,
samodra,
suro diro joyoningrat lebur dening pangastuti
Sir Ing Diri
kumlebating ruh tanpo weruh..
jinangkah dening pangangkah..
nastiti ngati-ati gupadi jatining diri..
sir tan katon sanadyan ana ing penganggon..
sumanding sanding sadyan tanpo di liling..
midering jagad tan kendat jatining sipat..
sempyoking pamikir rumangsa fakir..
Allahu sir Allahu sir
jinangkah dening pangangkah..
nastiti ngati-ati gupadi jatining diri..
sir tan katon sanadyan ana ing penganggon..
sumanding sanding sadyan tanpo di liling..
midering jagad tan kendat jatining sipat..
sempyoking pamikir rumangsa fakir..
Allahu sir Allahu sir
sir ing nala tumancep sanalika
endahing wewilangan ning ing wewayangan...
lahaula wala quwata illa billahil 'aliyyil adziim...
endahing wewilangan ning ing wewayangan...
lahaula wala quwata illa billahil 'aliyyil adziim...
Thursday, 18 October 2012
Kidung Wengi Panandang Diri
layap liyep liyuping lirih kekidungan wengi
sinamun lakune samirana aneng pucuking redi
ilining waspa ngalur elur tan kendat lir kadya warehing redi
pratanda aboting panandang diri
panjerite kutu-kutu walangatoga minangka kanca jeriting ati
gumlegering ombak segara minangka sulih runteking penggalih
tetesing waspa ana ing bantala den gadang bisa nglarung panandang nala
luluh rebah sujud sembah dumateng keblating manembah jampining panandang susah
agunging gegadangan bisa kasembadan apa kang dadi kekarepan...
gung swarane ati ngagungake Kang Maha Agung
hu.... hu... hu... sir napas Allahu
Allahu sir... sir... sir... siring kalbu
luluh rebah sujud sembah dumateng keblating manembah jampining panandang susah
agunging gegadangan bisa kasembadan apa kang dadi kekarepan...
gung swarane ati ngagungake Kang Maha Agung
hu.... hu... hu... sir napas Allahu
Allahu sir... sir... sir... siring kalbu
pananda :
angin,
geguritan,
puisi jawa,
sir,
sir ati
Sunday, 7 October 2012
KIDUNG WENGI KANG LARA ATI
Sumebar Ganda Kang Hambabar Arum Katiyub Ing Samirana
Satemah Hangebegi Manah Kang Sangsaya Lungkrah
Amarga Saka Polah Pakarya Kang Salah
Kabeh Wutah Rumentah Ana Ing Wengi Iki
Awit Saka Netra Kang Duwe Tumindak Culika
Namung Ngebaki Hardaning Nepsu Kang Sauntara
Ingkang Handadekake Wutaning Manah Kang Sangsaya Gerah
Tumetesing Waspa Tanpa Kira
Bebasan Mleber Kaya Banyu Kali Kang Lumaku Tumuju Segara
Muga Bisoa Hangikis Padas Parang Kang Awujud Dosa
Namung Dhumateng Panjenengan
Ingkang Hangakarya Jagad Lan Isine
Ingkang Maha Welas Lan Maha Asih...
Kawula Nyadong Welas Asih
Panjenengan Ingkang Sampurna..............
Amin….
pananda :
ati,
geguritan,
lara ati,
puisi jawa
Kekidungan Sore Takbir
sumeblaking mega jenar sisih kulon...
kaya nggandul abot ninggalke dino akhir wulan siam
nanging...
obahing gegodongan kang katiyubing samirana manda
repet-repet nganyut ati
nggawa suwara takbir
........
ora krasa...
tetesing waspa
kaya ilining kali tumuju segara
........
apa....
aku isa ngrasakke siam kya ngne mneh
apa....
kbeh sing tak lakoni wis bener tumrap Gusti
........
namung cadong panuwun ku dmateng Gusti Kang Murbeng Dumadi
Sih Kawelasan Lan Pangaksami...
Dumateng kawula...
Allahu Akbar....
Allahu....
Allahu....
Allahu....
Hu....Hu..........
....................
......................
.....................
kaya nggandul abot ninggalke dino akhir wulan siam
nanging...
obahing gegodongan kang katiyubing samirana manda
repet-repet nganyut ati
nggawa suwara takbir
........
ora krasa...
tetesing waspa
kaya ilining kali tumuju segara
........
apa....
aku isa ngrasakke siam kya ngne mneh
apa....
kbeh sing tak lakoni wis bener tumrap Gusti
........
namung cadong panuwun ku dmateng Gusti Kang Murbeng Dumadi
Sih Kawelasan Lan Pangaksami...
Dumateng kawula...
Allahu Akbar....
Allahu....
Allahu....
Allahu....
Hu....Hu..........
....................
......................
.....................
pananda :
geguritan,
kekidungan,
kidung,
puisi jawa
KUBURANING RASA
saktemene kahanan nala kang nandang kuciwa
wis tak kubur jero ana ngara-ara amba
bebarengan karo rasa tresna kang ana sak jroning dada
nanging.....
ngapa gampanging ngudal rasa kang kapendem
lir kadya gampanging ngublak-ublak wedang kopi
ana gelas sing saiki tak sangga....
ringkihing ati kang biyen jejeg ngadeg
kaya watu karang
namung rebah rumentah ndepani bumi
amarga wewayangan kang seklebat liwat
ilanging kahanan ati kang tanpa rasa tresna
nyadong jampi kang bisa
agawe santosaning jiwa
snadyan namung setitik
....
wis tak kubur jero ana ngara-ara amba
bebarengan karo rasa tresna kang ana sak jroning dada
nanging.....
ngapa gampanging ngudal rasa kang kapendem
lir kadya gampanging ngublak-ublak wedang kopi
ana gelas sing saiki tak sangga....
ringkihing ati kang biyen jejeg ngadeg
kaya watu karang
namung rebah rumentah ndepani bumi
amarga wewayangan kang seklebat liwat
ilanging kahanan ati kang tanpa rasa tresna
nyadong jampi kang bisa
agawe santosaning jiwa
snadyan namung setitik
....
pananda :
geguritan,
puisi jawa
TUWUH LUH
Kroso trataban ana ing dada
Nalika tak bukak lembar-lembar
Kang sumebar
Tak kira ati iki wis garing lir kadya jati aking
Kang ora bisa nuwuhake luh
Nanging ora.....
Milining luh kang lumeber tan saya ndadra
Kaya ilining banyu tumuju samodra
Tan saya santer kang gawe kikising watu
Ana njero ati.....
Nalika tak bukak lembar-lembar
Kang sumebar
Tak kira ati iki wis garing lir kadya jati aking
Kang ora bisa nuwuhake luh
Nanging ora.....
Milining luh kang lumeber tan saya ndadra
Kaya ilining banyu tumuju samodra
Tan saya santer kang gawe kikising watu
Ana njero ati.....
pananda :
geguritan,
lara ati,
puisi jawa
NGENTENI
sanadyan suwe anggonku ngenteni tekamu kang tak tunggu
sinambi mecaki dino-dino kang sangsoyo rekoso
nanging kroso tanpo rekoso
amargo ono kang tak gadang ing sabendino
kanggo sliramu sing dadi pepujaning ati
mugi Gusti ngulungake sliramu kanggo awakku.....
sinambi mecaki dino-dino kang sangsoyo rekoso
nanging kroso tanpo rekoso
amargo ono kang tak gadang ing sabendino
kanggo sliramu sing dadi pepujaning ati
mugi Gusti ngulungake sliramu kanggo awakku.....
pananda :
ati,
geguritan,
pepujaning ati,
puisi jawa
Kidung Katresnan
sumiliring angin wengi kang nggowo kidung katresnan
hamiyak korining ati kang nandang pedhut
pedhut peteng kang sumebar ana ing ati
satemah agawe suko
sanadyan mung sedelo
nanging....
ati kang nandang peteng dadi anteng
ati kang nandang kuciwo dadi lego
ati kang nandang susah dadi bungah
mugo....
kidung katresnan kang sumilir
ana ing wengi iki
tansah teko marang aku
sanadyan mung sedelo
kanggo ngobati ati kang lagi lara
(tulisan wengi kang lara ati)
hamiyak korining ati kang nandang pedhut
pedhut peteng kang sumebar ana ing ati
satemah agawe suko
sanadyan mung sedelo
nanging....
ati kang nandang peteng dadi anteng
ati kang nandang kuciwo dadi lego
ati kang nandang susah dadi bungah
mugo....
kidung katresnan kang sumilir
ana ing wengi iki
tansah teko marang aku
sanadyan mung sedelo
kanggo ngobati ati kang lagi lara
(tulisan wengi kang lara ati)
pananda :
angin,
geguritan,
kidung katresnan,
lara ati,
puisi jawa
Saturday, 6 October 2012
Gumanduling Wewayangan
Yen tak rasa ati kang lara
sangsara nandang sak temahing rasa
sanadyan namung rasa panelangsa
kang tansah ngganduli jiwa
Gumanduling rasa kang ana
lir kadya wewayangan kang gegawa
ana sak jeroning wengi lan rina
Rina kang tansah sinisihan kelawan sang bagaskara
lan wengi kang kasunaran rembulan kelawan lintang
gumelaring wewayangan kang tansah ana
bebarengan wewayanganing raga
kang ana ing bantala
Duh Gusti Kang Nyipta wewayangan kang rumeksa
Namung waspa kang tumiba
tumetesing tirta netra
bebarengan swara kang namung kandeg ana ing jangga
Ugi atur panyuwun dumaten Panjenengandika
Kang Murba Wasesa Jagad Lan Cipta
sangsara nandang sak temahing rasa
sanadyan namung rasa panelangsa
kang tansah ngganduli jiwa
Gumanduling rasa kang ana
lir kadya wewayangan kang gegawa
ana sak jeroning wengi lan rina
Rina kang tansah sinisihan kelawan sang bagaskara
lan wengi kang kasunaran rembulan kelawan lintang
gumelaring wewayangan kang tansah ana
bebarengan wewayanganing raga
kang ana ing bantala
Duh Gusti Kang Nyipta wewayangan kang rumeksa
Namung waspa kang tumiba
tumetesing tirta netra
bebarengan swara kang namung kandeg ana ing jangga
Ugi atur panyuwun dumaten Panjenengandika
Kang Murba Wasesa Jagad Lan Cipta
pananda :
geguritan,
puisi jawa
Ayating Wengi
wewayangan lintang kang katutuping mega mendung
gumandul kaya meh wutah rumentah
hanelesi bantala kang garing kaya jati aking
kekidunganing wengi ...
gumayut nganyut-anyut swara Ayating Gusti
kang ndhodhog jiwa kang lena
nyirami sanubari kang sepi
pangudaraning rasa kang mawa nelangsa
awit sangka aboting rasa tresna lan akehing kuciwa
lelakuning jiwa lan raga kang tansah gegondelan dosa
pandonganing jiwa-jiwa kang nandang nelangsa
penyadhonging hasta kang kebak dosa
lan sujuding kawula dumateng Kang Kawasa
namung hangantu-antu lubering Sih Pangaksami Lan Karohmatan Panjenengan Gusti...
gumandul kaya meh wutah rumentah
hanelesi bantala kang garing kaya jati aking
kekidunganing wengi ...
gumayut nganyut-anyut swara Ayating Gusti
kang ndhodhog jiwa kang lena
nyirami sanubari kang sepi
pangudaraning rasa kang mawa nelangsa
awit sangka aboting rasa tresna lan akehing kuciwa
lelakuning jiwa lan raga kang tansah gegondelan dosa
pandonganing jiwa-jiwa kang nandang nelangsa
penyadhonging hasta kang kebak dosa
lan sujuding kawula dumateng Kang Kawasa
namung hangantu-antu lubering Sih Pangaksami Lan Karohmatan Panjenengan Gusti...
pananda :
geguritan,
puisi jawa
Pangudarasaning Nala
sanadyan ilining waspa kang tanpo wilangan
kang ngalur elur tumuju ana ing kasur
kaya wus sirna kabeh waspa ing netra
bareng sirnaning rasa tresna
ora ana kang sumandanging nala
kang awujud lan ukara tresna
kaya wus garing ing batin
bareng sirnaning kinasih
widodarining wengi
kang nggawa semburat cahya
sanadyan kaling-kalingan mega
mendung kang gumantung
prasasat bisa nambani rasa kang lagi branta
senadyan aku rumangsa
ora mung aku kang ana ing nala
nanging sliramu iso dadi jampining rasa tresna
....
kang ngalur elur tumuju ana ing kasur
kaya wus sirna kabeh waspa ing netra
bareng sirnaning rasa tresna
ora ana kang sumandanging nala
kang awujud lan ukara tresna
kaya wus garing ing batin
bareng sirnaning kinasih
widodarining wengi
kang nggawa semburat cahya
sanadyan kaling-kalingan mega
mendung kang gumantung
prasasat bisa nambani rasa kang lagi branta
senadyan aku rumangsa
ora mung aku kang ana ing nala
nanging sliramu iso dadi jampining rasa tresna
....
pananda :
geguritan,
puisi jawa
WASPANING WENGI
dawane kekidungan wengi sing tak tulis
ana sak lembaring kertas
kaya isih okeh banget
ingkang bakal tak suntakke ana kono
nanging....
kaya wis kebak pangucap
kanggo makili rasa kang ana ing dada
saktemene....
anggonku nyadong rasa welas-Mu
tansah tak pengeni kaya biyen maneh
ora kaya saiki kang kebak dosa
jalaran.....
saka mata kang ndadekke culika
saka branta kang ndadekke wuta
saka nepsu kang ndadekke ragu
namung....
Sih kawelasan Panjenengan
lan Agunging Pangreksa Panjenengan
wonten ing ati kawula
ingkang anggawe sebab musabab kawula
saget sujud sebo wonten ngarsanipun Paduka Gusti Ingkang Maha Suci
ana sak lembaring kertas
kaya isih okeh banget
ingkang bakal tak suntakke ana kono
nanging....
kaya wis kebak pangucap
kanggo makili rasa kang ana ing dada
saktemene....
anggonku nyadong rasa welas-Mu
tansah tak pengeni kaya biyen maneh
ora kaya saiki kang kebak dosa
jalaran.....
saka mata kang ndadekke culika
saka branta kang ndadekke wuta
saka nepsu kang ndadekke ragu
namung....
Sih kawelasan Panjenengan
lan Agunging Pangreksa Panjenengan
wonten ing ati kawula
ingkang anggawe sebab musabab kawula
saget sujud sebo wonten ngarsanipun Paduka Gusti Ingkang Maha Suci
pananda :
geguritan,
puisi jawa
Friday, 5 October 2012
Tirta Gunung
aluring yuswa
tan kinira kepapak kepranggul dening coba
gegayuhan luhur kang den sawang
senadyan namung pangangen-angen
tansah ngayut-ayut
gumlayut nganyut dening ilining kahanan
kang wutah lan lumeber
pinda tirta ing wareh kang kebak watu kali
sanadyan akehing goda rencana kang dadi alangan
nanging teteging ati kang tak gondeli
"tirta gunung bisa ketemu endahing samodra"
pananda :
geguritan,
puisi jawa
Thursday, 4 October 2012
SAMIRANA
sumiliring samirana
kang niub irenging mega
krasa atis tak rasa
kumlebating wewayangan
tansah neng netra
sanadyan sinareng ilining waspa
yen tak rasa
sing dadi panandang kang tak sandang
amung sangka rasa kuciwaning nala
kang tan bisa
gawe renaning manah
kang tak gadang bisa gawe renaning nala
kang niub irenging mega
krasa atis tak rasa
kumlebating wewayangan
tansah neng netra
sanadyan sinareng ilining waspa
yen tak rasa
sing dadi panandang kang tak sandang
amung sangka rasa kuciwaning nala
kang tan bisa
gawe renaning manah
kang tak gadang bisa gawe renaning nala
pananda :
geguritan,
puisi jawa
Wednesday, 3 October 2012
Panandang Nala
wewayangnganing netra
ginawang sawang tan kena den rengkuh sanalika
gegayuhan kang kagadang
kaya wis tumapak ana ngarsa
dumadak ilang kagawa samirana
sesanti lan ukara
kang sliramu sebut nalika semana
tan kena ginawe lali lan lupya
ewoning panandang nala
tan kena ndak gawa
awit akehing rasa tresna
kaya wus mbludak lumeber ngebakki segara
binarengan ewoning luh kang tuwus sangka netra
kanggo sliramu
kang tansah ngebakki jagad lelamunanku
ginawang sawang tan kena den rengkuh sanalika
gegayuhan kang kagadang
kaya wis tumapak ana ngarsa
dumadak ilang kagawa samirana
sesanti lan ukara
kang sliramu sebut nalika semana
tan kena ginawe lali lan lupya
ewoning panandang nala
tan kena ndak gawa
awit akehing rasa tresna
kaya wus mbludak lumeber ngebakki segara
binarengan ewoning luh kang tuwus sangka netra
kanggo sliramu
kang tansah ngebakki jagad lelamunanku
pananda :
geguritan,
lara ati,
puisi jawa
Tuesday, 2 October 2012
Luh Kang Tuwuh
ilining luh kang tuwuh
ngilangi aboting rasa kang dak sangga
sesanggemaning urip kang kebak rasa
ewuh lan pekewuhing sesolah
tinimbang timbang mahanani ananing renggang
sesorah lan ngelmu kang wus kawedhar
tan bisa dadi jampining rasa
amarga kagubel dening rasa kuciwa
kuciwaning nala kang tansah nelangsa
sangka aboting rasa ina kang tak sangga
rasa panelangsa muga bisa sirna
sinarengan ilining waspa
kang mbleber lir kadya tirta tumuju segara
lilaning ati ngiringi ilanging janji
kang wus kawedar sangka lathi manis
senadyan aboting rasa kaya den iris
kanggo sliramu wong manis
sanadyan piwalesmu amung lamis
kang tinampa lir kadya madu kang manis
iklasing ati
kanggo sliramu kang ndak tresnani
lamismu kaya madu
kanggo ndeder jiwa kang ragu
tansah tak gadang sliramu dadi wong kang jujur satuhu
aku jik nduwe Gusti Kang Maha Ngerti Saksolah bawamu
ngilangi aboting rasa kang dak sangga
sesanggemaning urip kang kebak rasa
ewuh lan pekewuhing sesolah
tinimbang timbang mahanani ananing renggang
sesorah lan ngelmu kang wus kawedhar
tan bisa dadi jampining rasa
amarga kagubel dening rasa kuciwa
kuciwaning nala kang tansah nelangsa
sangka aboting rasa ina kang tak sangga
rasa panelangsa muga bisa sirna
sinarengan ilining waspa
kang mbleber lir kadya tirta tumuju segara
lilaning ati ngiringi ilanging janji
kang wus kawedar sangka lathi manis
senadyan aboting rasa kaya den iris
kanggo sliramu wong manis
sanadyan piwalesmu amung lamis
kang tinampa lir kadya madu kang manis
iklasing ati
kanggo sliramu kang ndak tresnani
lamismu kaya madu
kanggo ndeder jiwa kang ragu
tansah tak gadang sliramu dadi wong kang jujur satuhu
aku jik nduwe Gusti Kang Maha Ngerti Saksolah bawamu
pananda :
geguritan,
lara ati,
puisi jawa
Monday, 1 October 2012
Pupusing Wilangan Setya
Kekidungan wengi kang endah tan kaeling maneh
wewayanganing widodari ilang wigar dadi durga kang hambeg angkara
manising lathi kang den wedar wus kaya ri bebrondhotan kang mahanani laraning ati
tetesing waspa tan kena dak selak'i maneh
sekabehining pangangen kang kagambar ilang musna tanpa tanda
pengen dak tutup ati iki kaya biyen maneh
sanadyan jroning ati remuk tanpo kira-kira
apa wis cukup kang aran setya ndak pupus cukup semene
amarga setyaning ati wus den wales lamising ati
wewayanganing widodari ilang wigar dadi durga kang hambeg angkara
manising lathi kang den wedar wus kaya ri bebrondhotan kang mahanani laraning ati
tetesing waspa tan kena dak selak'i maneh
sekabehining pangangen kang kagambar ilang musna tanpa tanda
pengen dak tutup ati iki kaya biyen maneh
sanadyan jroning ati remuk tanpo kira-kira
apa wis cukup kang aran setya ndak pupus cukup semene
amarga setyaning ati wus den wales lamising ati
pananda :
geguritan,
lara ati,
puisi jawa
Subscribe to:
Comments (Atom)