||||| SUGENG RAWUH KAWULA ATURAKEN DHUMATENG PANDHEMEN BUDHAYA JAWI ||||| |||||ATUR PAMBAGYAHARJA WILUJENG DHUMATENG PANJENENGANNDIKA SAMI MUGI TANSAH PINARINGAN SIH KABERKAHAN LAN NUGRAHANING GUSTI INGKANG MURBENG DUMADI ||||| ||||| HAYU RAHAYU INGKANG SAMI PINANGGIH ||||| ||||| NUWUN NUWUN KULANUWUN |||||

Tuesday, 2 October 2012

Luh Kang Tuwuh


ilining luh kang tuwuh
ngilangi aboting rasa kang dak sangga
sesanggemaning urip kang kebak rasa
ewuh lan pekewuhing sesolah

tinimbang timbang mahanani ananing renggang
sesorah lan ngelmu kang wus kawedhar
tan bisa dadi jampining rasa
amarga kagubel dening rasa kuciwa

kuciwaning nala kang tansah nelangsa
sangka aboting rasa ina kang tak sangga

rasa panelangsa muga bisa sirna
sinarengan ilining waspa
kang mbleber lir kadya tirta tumuju segara

lilaning ati ngiringi ilanging janji
kang wus kawedar sangka lathi manis
senadyan aboting rasa kaya den iris
kanggo sliramu wong manis
sanadyan piwalesmu amung lamis
kang  tinampa lir kadya madu kang manis

iklasing ati
kanggo sliramu kang ndak tresnani

lamismu kaya madu
kanggo ndeder jiwa kang ragu
tansah tak gadang sliramu dadi wong kang jujur satuhu

aku jik nduwe Gusti Kang Maha Ngerti Saksolah bawamu

No comments:

Post a Comment