Pages

Saturday, 27 October 2012

Kidung Rinonce

Jumangkahing hajejangkah maujudake panjangka
Panjangka linambaran niat kang samporna
Sasampurnaning urip iyo kang nguripi
Hangenguripi raga kalawan jiwa
Jiwanira tan kantun jiwaning sapadha-padha

Pada wilangan ukara kang awujud tembung
Tetembungan sinorowedi kang aran sir
Sir ing nala den tembungi asmara
Asmaraning manungsa kalawan jiwa
Jiwa-jiwa suci manekunging Gusti

Gusti bagus-baguse kang ngratoni ati
Ati-ati lumampahing bebener
Bener-benering sesolah tan kantun panggoda
Panggodaning nala kalawan panggodaning nepsu
Nepsu margi cupeting pamimkir

...



No comments:

Post a Comment