Sesandanganing rasa kang kagawa swasana
Nglambrang lan nganyut-anyut nala
Windu wilangan wektu kumpulaning yuswa
Datan selak ngugemi apa kang dadi panjangka
Sumunar sunar cahya ing antariksa
Sanadyan kelip lintang minangka pratanda
Ewoning pituduh lan marga
Pundi papan lan dunungira
Dak ulati kalawan waspada
Pituduh lan pralampita kang tinampa
Sliramu kang janji ngadek ana damparing nala
Dampar gapuk kang gampang rubuh kepangan mangsa
Muga Sliramu tetep seba sanadyan akehing panggoda
Den gadang Sliramu Salaminya
Sliramu pepujaning nala
(tulisan wengi akhir tasyrik)
No comments:
Post a Comment