||||| SUGENG RAWUH KAWULA ATURAKEN DHUMATENG PANDHEMEN BUDHAYA JAWI ||||| |||||ATUR PAMBAGYAHARJA WILUJENG DHUMATENG PANJENENGANNDIKA SAMI MUGI TANSAH PINARINGAN SIH KABERKAHAN LAN NUGRAHANING GUSTI INGKANG MURBENG DUMADI ||||| ||||| HAYU RAHAYU INGKANG SAMI PINANGGIH ||||| ||||| NUWUN NUWUN KULANUWUN |||||

SUGENG RAWUH

Ngaturaken sugeng rawuh dumateng para pandemen geguritan jawi. Mugi tansah wonten ing sih Nugrahaning Gusti Ingkang Nyipta lan Ngreksa Antariksa Lan Bawana. Sholawat ugi Salam katur kunjuk wonten ing pangarsanipun Rosul kekasihing Gusti.

Kawula ngaturaken GEGURITAN punapa ingkang dados panandang kawula, ingkang kawula tulis wonten ing website punika minangka pangudarasa lelampahaning gesang punika.

Mugi-mugi punapa ingkang kawula paringaken wonten ing website punika handadosaken rena ing penggalih saget ndhodhog jiwa kejawen kalian endahing seni sastra jawi. Taksih kathah kekirangan lan kalepatan amargi tebih saking pawiyatan luhur, kawula ing mriki ngantu-antu lan nyadong wewarah lan sesorah ingkang ndadosaken kesaenan ing samangkeh.


Nyuwun aguging pangaksami sakderengipun manawi geguritan punika mbten saget dipun copy amargi kedadosan ingkang sampun kapungkur kathah geguritan ingkang dipun copas lan diposaken dening tyang sanes mboten mawi taliwara rumiyen lan mboten maringi link sumber. Ing samangke manawi pandemen geguritan jawi kepingin ngginakkaken damel kabetahan tugas sekolah/pawiyatan, mugi kersa sanjang mawi email ing http://rhuweda@gmail.com

nuwun nuwun matur sembahnuwun

"Javanese poetry as an outpouring of the heart and soul that is sometimes very happy and sometimes also suffer greatly. in every sense of the word we shed is in the heart. Because life is so beautiful with the beauty created"

No comments:

Post a Comment