||||| SUGENG RAWUH KAWULA ATURAKEN DHUMATENG PANDHEMEN BUDHAYA JAWI ||||| |||||ATUR PAMBAGYAHARJA WILUJENG DHUMATENG PANJENENGANNDIKA SAMI MUGI TANSAH PINARINGAN SIH KABERKAHAN LAN NUGRAHANING GUSTI INGKANG MURBENG DUMADI ||||| ||||| HAYU RAHAYU INGKANG SAMI PINANGGIH ||||| ||||| NUWUN NUWUN KULANUWUN |||||

Wednesday, 28 November 2012

Sliramu

lembaran lembaran dlancang putih iki
minangka paseksen anggonku pengen nyuntakke rasa ati
rasa marang sliramu kang kapendem aran tresna sejati
sejating tesna kang ginawa mati

sliramu widodarining jiwa
ngambar arum puspaning nala
sebo ngratoni damparing suksma

kathah ing panyandra kurang ing wilangan aran
pangawang-awang obah mosiking pikiran
geganthilaning ati tan bisa sesandingan

jiwa penelangsa kang aran dukita
ewoning wewayangan sliramu memaniking netra

jiwa panelangsa kang aran wuyung
ewoning gegayuhan muluk kang wus kadung

sliramu jejampining dukita
sliramu pangobating wuyung

Sunday, 25 November 2012

Mega Jenar Sanginggiling Redi

ron gugur hanjrahing bumi
katiyubing samirana kang ngasta pawarti
mosiking ngalam gilir gumanti
siang tumapak wanci ratri
antaraning rahina kalawan wengi
kaelokaning jagad den ulati
samar-samar semburating mega jenar ing sanginggiling redi

samar-samar kekidungan hambabar kahanan nala
pangucaping lisan ginawa sasambataning jiwa
panandang lan panelangsa kang aran dukita
medar kahanan jiwa kalawan raga
mring panguwasa kang luwih kawasa

teguh suci pangruwating diri
tunggaling tunggal siji hanyuwiji
marga dalan tumapaking jiwa suci

ning ing cipta manteb ing ati
neng ing raga minangka panyegahing bilahi
nung manekunging rasa manembahing Kang Sawiji

cahya sumirat nuring Dzat Kang Murbeng Jagad

Friday, 16 November 2012

Aruming Wewayangan


semburat cahya mega
gilir gumantining ratri kalawan rahina
sinareng sumiliring maruta manda
nganyut-anyut tuwuh wewayangan kang gumanduling nala

ganda aruming wewangenmu
kang teko tan kasangka-sangka nanceping atiku
ngudal wewayangan kang wus kapendem jero ana sakjeroning kalbu

araning pangudal-udal sesumberaning nala
pangudaling dukita hangengreng laraning jiwa
jiwa-jiwa panelangsa hengga ndepani bantala

sliramu laraning atiku




Wednesday, 14 November 2012

Wanita Mulya

wilanganing pangucap den kidung sinampurna
sambung sinambung ukara kalawan ukara
maujud rasa kang aran tresna
getering rasa tan kinira
kurang ing bebasan tan kagambarake dening pangrasa

panjenengan kang aran wanita mulya
sampurna cinipta elok ing kaendahan dunya
tan ginawe solah bawa culika
hamranani ing netra satemah agawe rena

panjenengan widadarine para putra 
jiwa-jiwa ayem tan nggigimangsa
cumadong mring panandang lan narima
teteg teguhing rasa tan ginawe dukita

panjenengan rajah pusakane dunya
sabda pawedar agawe teteging jiwa
jiwa putra-putra kang remuk dening kahanan dunya
pamuji pangestu cinadong asta

sih panjenengan ing teguh tan katilep mangsa






Saturday, 10 November 2012

Pepeling Wulan Suro

semburating sunar cahya ing ngakasa
cumloroting kartika mawarna warna
mratandani gilir gumantining wilangan mangsa
sinareng gegayuhan lelampahaning kawula
pangenget-enget den enget kalawan waspada
minangka sangune lelampahan kang bakal lumaksana

den wirid lan wiradati pepeling sangka kang ndungkap yuswa
manekung ing wewarah lumaku kalawan prasaja
nastiti ngati-ati sih mring sapadha-padha
wujuding ngamal utama

kakilapan kang wus kalaksana
den sandang aran dosa
sira enget-enget den suwun pangaksama
mrih suci kalawan sampurnaning ridha

pangandeling wujud manembahing kawula
wilanganing setya marang Dzating Sampurna
sumanding lan sesandingan Wahyu Ilahi ing wengi kalawan rina
iya manembahing diri, manembahing sasama, lan manembahing Kawasa


Sunday, 4 November 2012

Langit Mendung

langit mendung gumandul nganyut tan ginayuh
nunggu tetesing udan sinareng tetesing luh
tuwuh amarga dukitaning ruh
sesambatan ing palungguh
datan nyipta swasana pakewuh
nyuntakke panandang kang rinengkuh

rinoncening ukara minangka sulihing rasa
rasa tresna peparinging Kang Kawasa
ewoning panandang lan pangrasa
ndeder ati lan teguhing jiwa
panelangsa endah edi tan ginawe dukita
jejering rasa syukur eloking panarima

( sakehing lelampahan linambaran rasa )

Thursday, 1 November 2012

Pepujaning Ati

reroncening tulisan minangka sulih jeriting nala
kang bakal tinulis kaya tan kena tak bendung maneh
ukara lan tetembungan endahing pangucap
lir kadya seratane para pujangga kang nandang asmara

ananging....
angel anggonku nyuntake ana ing lembaran iki
kanggo nggambarke endahing panyipta 
kang den anugerahke marang sliramu widodarining ati

sliramu kang tansah dadi wewayanganing lelamunan
sliramu kang dadi puspa warnane pangimpenku
sliramu pepujaning ati

wewayangan esem manismu tansah bisa agawe tratabing ati
lirik beninging netra bebasan bisa nggawa tirta suci
kang bisa nambahi segering jiwa kang nandang branta

duh wong manis...