aku...
aku kang balik kaya biyen jaman semana...
kejeglong jurang amba kang asma asmara....
agawe jiwa kang wingi rosa dadi gapuk kaya lumrake kapuk....
apa wis ginaris ing pesthi kanggo ati iki...
siang ratri tansah gumlayut nganyut....
karengkuh ukara kang manis...
sanadyan amung lamis mahanani ananing tangis...
jiwa lan raga kang saya rengka...
mbok gawe rengka sangka manising ukara...
yen mangkono kang dadi kekarepan panjangkamu...
tak lilakk'e atiku remuk kanggo senenge atimu...
No comments:
Post a Comment