ampak-ampak kemuling kartika kaya wus tiba
saput pedut gilir gumanti ngemuli bantala
bun enjang kang dadi tetilasan ing ron kalawan sela
ananging mangertia...
mripat iki isih angel anggone merem nyipati kahanan njaba
gegambaraning wewayangan ing rikala samana
Prasasat nggoda ngudhal-udhal nggugah swasana
swasana lelampahaning nala kang nandang branta
kalawan sira kang aran wanita mulya
bebasan memaniking netra widodarining nala
apa kang ndak rasa tanpa kinira
ginawa gegambaraning swarga endah tan krasa
sliramu kang anggawa gregeting jiwa
esemmu rikala semana
kang ndak sawang saka sisihing jendela
prasasat isih bisa ngobati kangening nala
kehing Pamuji mring Sang Hyang Wasesa
puji hastuti lan puja hastawa
isih bisa nyawang esem manisira
sanadyan datan sumandinging nala
sliramu kang aran wanita mulya
No comments:
Post a Comment